Guyon Banyumas ngapak-Dokter Vs Mantri
DOKTER VS MANTRI Nang banyumas ana mantri desa tapi ora payu. Kon sangkane payu, mantrine gawe iklan "Sembuh, bayar Rp100rb, tidak sembuh dibayar Rp1jt". Awit ana iklan kue, rame pisan pasiene, ngasi ana dokter praktek ngrasa kesaing, banjur reka-reka mriyang njajal berobat karo niat arep mirangna mantrine. Dokter : "Pak mantri, nyong mriyang kiyeh, ilate mati rasa" Mantri : "Oh..nganggo obat kiye bae, langsung dinum siki, telung tetes" Doktere manut... Dokter : "Asemm, rasane deneng mangsi spidol!?" Mantri : "Nah...brarti rika wis mari, ngeneh bayar satus ewu !" Doktere esih penasaran, ngesuke teka maning karo ngarang penyekit sing kira-kira angel tambane... Mantri : "Mriyang apa maning rika?" Dokter : "Nyong hilang ingatan kiye, apa tambane" Mantri : "Kiye nyah !, langsung dinum telung tetes !" Dokter : "Lho, mbok kiye anu obat sing wingi?" Mantri : "Hahah...brarti rika wis emu...
Comments
Post a Comment